Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari April, 2019

Guritku

Sore Swara angin mangayun-ayun ngademake rasa Nyegerake raga Nggaringake kringet sing ketes ngliwati dhadha Jangkrik sakanca wis padha nyuwara Wacan kitab nora keri ngliwati kuping tengen lan kiwa Mega katata nora rata Werna oren moncer ngebaki paningaling mata Nambah reseping jiwa Sungginganipun gusti ingkang tanpa tandhing Nora kena dimaling, mung kena dieling