Sore
Swara angin mangayun-ayun ngademake rasa
Nyegerake raga
Nggaringake kringet sing ketes ngliwati dhadha
Jangkrik sakanca wis padha nyuwara
Wacan kitab nora keri ngliwati kuping tengen lan kiwa
Mega katata nora rata
Werna oren moncer ngebaki paningaling mata
Nambah reseping jiwa
Sungginganipun gusti ingkang tanpa tandhing
Nora kena dimaling, mung kena dieling

Komentar
Posting Komentar