Langsung ke konten utama

Postingan

Kumpulan Gurit

Plastik Nyuwun pangapunten Nyuwun pangapunten yen aku ndulang panganan kang ora bisa luntur Nyuwun pangan punten yen umbenanmu ora gawe seger Pitik tanpa daging Roti tanpa glepung Kopi tanpa banyu Uga es teh tanpa werna lan gula Mung bungkus sing njejel ana ing weteng Sesek lan mampet gawe peteng Barang kang manpaat nanging angel dirumat Plastik wadah jajanan mbungkus bumi nganggo reregetan Medhia Sosial Instagram Gambarmu mameri soca Pidiomu uga padha rupa Pamer urip sing durung mesthi urup Pamer guyu sing ora mesthi lucu Najanta tibane ala, nanging ora kabeh rupane ngono Ora sithik uga sing gawe manpaat saka gambar lan pidio Dodolan, nulis pakaryan, bakti sosial, lan liya-liyane Digunakake kanthi samesthine Dilakokake miturut dalane Guwa Kreo Setu awan Ning jembatan guwa kreo Lungguh ngeti sisih kiwa Ana sliramu sing sajake mesem rada blereng amarga kena cloroting cahya Hawane pancen lagi panas Nanging kowe ngadhe...
Postingan terbaru

Guritku

Sore Swara angin mangayun-ayun ngademake rasa Nyegerake raga Nggaringake kringet sing ketes ngliwati dhadha Jangkrik sakanca wis padha nyuwara Wacan kitab nora keri ngliwati kuping tengen lan kiwa Mega katata nora rata Werna oren moncer ngebaki paningaling mata Nambah reseping jiwa Sungginganipun gusti ingkang tanpa tandhing Nora kena dimaling, mung kena dieling