Plastik
Nyuwun pangapunten
Nyuwun pangapunten yen
aku ndulang panganan kang ora bisa luntur
Nyuwun pangan punten
yen umbenanmu ora gawe seger
Pitik tanpa daging
Roti tanpa glepung
Kopi tanpa banyu
Uga es teh tanpa werna
lan gula
Mung bungkus sing
njejel ana ing weteng
Sesek lan mampet gawe
peteng
Barang kang manpaat
nanging angel dirumat
Plastik wadah jajanan
mbungkus bumi nganggo reregetan
Medhia Sosial
Instagram
Gambarmu mameri soca
Pidiomu uga padha rupa
Pamer urip sing durung
mesthi urup
Pamer guyu sing ora
mesthi lucu
Najanta tibane ala,
nanging ora kabeh rupane ngono
Ora sithik uga sing
gawe manpaat saka gambar lan pidio
Dodolan, nulis pakaryan, bakti sosial, lan liya-liyane
Digunakake kanthi
samesthine
Dilakokake
miturut dalane
Guwa Kreo
Setu awan
Ning jembatan guwa kreo
Lungguh ngeti sisih
kiwa
Ana sliramu sing sajake
mesem rada blereng amarga kena cloroting cahya
Hawane pancen lagi
panas
Nanging kowe ngadhemake
mata
Esemmu nentremake jiwa
Ora bisa ucul saka
pandhenge mata
Mandheng kowe tanpa
kuciwa nanging ati rada nelangsa
Eling lan sadar dhewe
mung kanca
Aspal Banyu Dudu Watu
Aspal
bantu dudu watu
Dalan
sing dadi panyambunge rasa
Kaalang
banyu sing ngaspal rata
Kutha
sing suwe ditata ilang wibawa
Tanpa
welas banyu ngebaki ratan
Ngalang
sambunge katresnan
Ngalang
sambunge rasa marang wong tuwa
Amarga…
Terboyo
dadi segoro
Kampus Konservasi Budaya
Swaraning gending
mangalun lewat speker
Katabuh dening para
pangrawit tanpa gemeter
Egole penari nambah
swasana gayeng
Tontonan sing sebenere
larang
Nanging tanpa njupuk
bayaran
Larang ana ing budaya
Sing wus rada luntur
katerak budaya manca
Gedhe panuwun marang gusti
Pawiyatan iki isih ngrumati
Najan sesasi mung ping
siji
Lan kudu gawe laporan
sing setiti
Mugia
budaya bisa tetep urip lan urup ana ing negri
Lulus
Pawitanku
Pawitanmu
Pawiyatane dhewe
Gunungpati sing urip
lestari
Ora sepi masio jam siji
bengi
Ijo-ijo sing ngangeni
Omah keloro ning bumi
rantau
Nanging cukup patang
taun aku ning kene
Ora susah suwe-suwe
Ndang lunga tanpa gawe lara
Pamit wisudha bali
marang wong tuwa
Remen Sinau Jawa
Dadi wong jawa nanging
ora njawani
Lah kok bisa?
Ya bisa, wong nyatane
ana tur ora sithik
Globalisasi saka negara
manca wis nerak budaya
Mligine kabudayan Jawa
Budaya kuwi wis angel,
mula aja dingel-ngel
Guru basa Jawa upamane
Mulang nganggo alusing
tutur
Tanpa nglatur bahas bab
sing gawe ajur
Ajar-ajaran basa lan tata krama kudu utama
Unggah-ungguh lan
kawruh kudu cetha
Ditandur wiwit saiki
supaya tumancep ning ati
Supaya ora luntur
diakoni manca
Amarga
budaya jiwaning bangsa
Trensaku Marang Sliramu
Aku mung bisa meneng
Mendhem pangrasa sing
ora ngerti kapan teka
Tanpa aba gawe gemetere
dhadha
Aku mung bisa mandheng
Saka pucuke mata sing
wis dadi kulina
Nora mandheng rupa
Solah bawa lan basa
dadi bab kang utama
Aku mung bisa donga
Marang gusti kanthi
kebaking pepuji
Ora lali Panuwun tanpa
upami
Panyuwunku mung siji
Saged sesarengan
anggenipun memuji
Muji dhateng
Panjenengan kang Maha Welas Asih
Buku
Kertas sing katumpuk
dadi siji
Seratan para ahli lan para panaliti
Teori kang dadi isi
Buku aran sing pasti
Akeh ilmu sing bisa
kapethik
Nora masalah yen
sethithik
Nanging apa?
Maca buku ora tau
Mbukak semenit tinggal
turu
Ketutup kebak lebu
Mati
Hoy,
"Fulan mangan iwak
mati"
"Innalillahi"
"Jam pira ngubure?"
"Bocah apik pancen diundhang dhisik"
"Lho lho lho, sapa
sing mati?"
"Jaremu Fulan
mangan iwak, mati"
"Whealaaah, dudu
Fulan sing mati, iwake sing mati"
"Jembus su
wedhut"
"Mula, yen ana
apa-apa diluru benere"
"Aja langsung
diuntal tanpa dipamah"
"Keloloden kapok
kowe"
Crita iwak mati
Komentar
Posting Komentar